Sejarah Tembang Macapat
jumpa lagi dengan saya
Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 )
Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar ya iku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira iku cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, ya iku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji wong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku ya iku Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, ya iku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi ya iku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.

C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis
Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa
pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong
cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna
minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé
Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut
rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan
lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé
berkembang ing Bali
lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki
tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing
Bali.
sumber: wikipedia jawa
Sejarah Tembang Macapat
Reviewed by Wahyu Kurniawan
on
01.30
Rating:
Reviewed by Wahyu Kurniawan
on
01.30
Rating:

selamat........
BalasHapusSaat ini blog anda sudah mulai online........terimakasih anda sudah mengerjakan tugas TIK dengan baik, jangan lupa terus menulis dan berkreasi di blog ini....
semoga sukses........